Thursday, 25 July 2013

Cathetane Vampir (The Vampire Diaries)

Header

TVD (singkatane The Vampire Diaries) iki sinetron favoritku. Tayange neng Amerika kono tapi yo tayang neng Indonesia juga sih, tapi neng tipi seng mbayar koyo Fox opo Star World ngono tapi aku lali seng ndi, lek aku senenganku Donlod (ngunduh) soale updet (nganyari) teros gratis, yo pancen aku seneng seng gratis-gratis podo karo yutoan wong neng ndunyo iki hihihi.

Sinetron iki nyritakne Vampir seng tresno karo menungso, terus menungsone dadi vampir, terus enek juga menungso Serigala, enek juga penyihir pokoke uakeh, nah favoritku iku si Hibrid Klaus, dek'e campuran Vampir ambek Srigala ngono dadine paling Juahat + Medeni + kabeh seng elek-elek, tapi dek'e guanteng raine. Nah wong Jahat iki seneng karo enek vampir rambuten pirang jenenge Caroline, mbayangne ora wong Jahat tresno karo wong ayu. Pokokke akeh wayah-wayah seng romantis seng nyeblokne ati, seng sedih pokoke akeh. Lah aku iki arep konsen ngartekne crito Fanfiction seng tentang wong loro kui Klaus karo Caroline utowo biasa disebut Klaroline.

Lah opo kui Fanfiction? fanfiction kui wadah kanggo penggemar-penggemar acara-acara tipi seng akeh-akeh sih neng Amerika kono, wadah kanggo wong-wong kui ngetokne inspirasi piye dalan ceritane seng wong-wong kui pengen neng sinetron utowo filem-filem seng podo disenengi. Dadi critane yo ora podo karo crito asline neng tipi/bioskop. Wong-wong kui gae crito dewe. Kanggoku sih apik banget. Aku sueneng moco Fanfiction mbendino awan bengi isuk sore.. hehehe.

Lek pegen ngerti fanfiction klik iki ae www.fanfiction.net. Uakeh cerito-cerito gratis seng iso diwoco, lek novel kan kedawan, dadi iki koyo cerpen utowo cerber. Kangge juga lek pengen belajar boso Enggres sambil moco crito fiksi. Neng ngisor iku gambare Klaus karo Caroline yo...


Gambar ko Google. 

Lek arep eroh gambar-gambar liane, goleki neng Google: Klaus Mikaelson / Caroline Forbes. Intine cah loro iki motone biru... 

Kenalan Disek

Halo konco-konco sing wong Jowo opo ora wong Jowo... Iki blog pertamaku nggae boso Jowo. Aku wong Blitar dadi boso Jowoku isone seng kasar. Nilaiku mbiyen neng SD elek neng boso alus. Dadi aku nggae boso Mblitaran yo cah... (yooo...).

Tujuane aku nggae blog iki, gara-garane mbah Google iku nggae Google translate tapi aku arep nggae loh salah-salah artine. Ko Boso Indonesia nang Boso Jowo yo salah, ko boso Enggres yo aneh-aneh ngartekne. Dadi aku maleh emosi yo ra? Eh yo ora emosi juga sih, cuman pegel nyapo duduk aku ae seng di rekrut Google dadi translator e. Dunyo iki ora adil!!! *mbengok neng langit*

Iku cuma inspirasi ae, intine aku pengen ora lali boso Jowo soale aku saiki wes orang neng Njowo, tapi aku pengen tetep gae boso kebanggaan awake dewe kabeh yo ra,,, (yoo,,,,). Intine asline aku pengen ngartekne cerpen-cerpen neng Fanfiction neng boso Jowo. Aku seneng banget cerito-cerito neng Fanficition.net iku. Tapi kabeh Enggres, la arep ngartekne neng boso Indonesia, aku ora tek pinter boso Indonesia seng apik lan bener, lek boso Jowo kan orang enek aturan kudu piye kan. Intine iso sak karepku dewe. Aku sih ngarep enek seng moco, tapi lek ora yo seng penting dingge aku dewe, anak-anakku sok lek wes gede, iso dadi warisan leluhur bangsa yo kan... hihihi. Yo kuilah pokoke aku arep ngartekne Fanfiction favoritku neng boso Jowo. Woco yoo..

Sakliane kui aku yo arep ngeblog koyo biasalah blogger-blogger, foto-foto seng apik opo video seng ora penting lan liyo liyane. Oke... 

Lek awakmu wong Jowo,, yoh kancan karo aku. Jenengku Iga yo.. eleng-eleng.