Halo konco-konco sing wong Jowo opo ora wong Jowo... Iki blog pertamaku nggae boso Jowo. Aku wong Blitar dadi boso Jowoku isone seng kasar. Nilaiku mbiyen neng SD elek neng boso alus. Dadi aku nggae boso Mblitaran yo cah... (yooo...).
Tujuane aku nggae blog iki, gara-garane mbah Google iku nggae Google translate tapi aku arep nggae loh salah-salah artine. Ko Boso Indonesia nang Boso Jowo yo salah, ko boso Enggres yo aneh-aneh ngartekne. Dadi aku maleh emosi yo ra? Eh yo ora emosi juga sih, cuman pegel nyapo duduk aku ae seng di rekrut Google dadi translator e. Dunyo iki ora adil!!! *mbengok neng langit*
Iku cuma inspirasi ae, intine aku pengen ora lali boso Jowo soale aku saiki wes orang neng Njowo, tapi aku pengen tetep gae boso kebanggaan awake dewe kabeh yo ra,,, (yoo,,,,). Intine asline aku pengen ngartekne cerpen-cerpen neng Fanfiction neng boso Jowo. Aku seneng banget cerito-cerito neng Fanficition.net iku. Tapi kabeh Enggres, la arep ngartekne neng boso Indonesia, aku ora tek pinter boso Indonesia seng apik lan bener, lek boso Jowo kan orang enek aturan kudu piye kan. Intine iso sak karepku dewe. Aku sih ngarep enek seng moco, tapi lek ora yo seng penting dingge aku dewe, anak-anakku sok lek wes gede, iso dadi warisan leluhur bangsa yo kan... hihihi. Yo kuilah pokoke aku arep ngartekne Fanfiction favoritku neng boso Jowo. Woco yoo..
Sakliane kui aku yo arep ngeblog koyo biasalah blogger-blogger, foto-foto seng apik opo video seng ora penting lan liyo liyane. Oke...
Lek awakmu wong Jowo,, yoh kancan karo aku. Jenengku Iga yo.. eleng-eleng.
No comments:
Post a Comment